Pages

May 12, 2011

soal UTS Bahasa Jawa kelas 7

1. Sawise lulusan aku ndherek pindhahe bapak menyang Jakarta. Tembung lingga ingkang wonten ing ukara kasebut inggih punika…
a. sawise, lulusan, ndherek c. sawise, ndherek, Jakarta
b. ndherek, pindhahe, menyang d. Jakarta, menyang, bapak
2. Saiki aku seneng sekolah ana ing SMP Negeri 2 Semarang. Ingkang boten tembung lingga saking ukara kasebut inggih punika...
a. saiki c. sekolah
b. aku d. Semarang
3. A : Kowe wis nduwe kanca pira ing sekolah anyar iki???
B : ...
Wangsulan ingkang ngangge basa krama ingkang leres inggih punika...
a. aku wis nduwe kanca akeh. c. kula sampun gadhah kanca kathah.
b. aku sampun nduwe rencang kathah. d. aku sampun gadhah kanca akeh.

Wacana kangge pitakena angka 4-7.
Lairipun Bratasena
Sang Resi Abiyasa paring dhawuh, bilih ing binjing ingkang wayah bungkus badhe dados senopatining prang ingkang pilih tandhing, prawira tetungguling prajurit, saha dados tamenging para Pandhawa. Sasampunipun gamblang sedaya dhawuhipun Sang Resi Abiyasa, Arya Yamawidura dalah Puntadewa lajeng kadhawuhan wangsul. Konduripun Arya Yamawidura dalah Puntadewa pinarak dhateng wana Wandalaksana.


4. Irah-irahan wacana ing nginggil inggih punika...
a. sedanipun Bratasena c. lairipun Pandhawa
b. lairipun Bratasena d. lairipun Puntadewa
5. Sinten ingkang paring dhawuh dhateng para Pandhawa?
a. Pandhawa c. Arya Yamawidura
b. Resi Abiyasa d. Puntadewa
6. Cacahipun Pandhawa punika wonten...
a. 3 c. 5
b. 4 d. 6
7. Sinten ingkang wangsul sasampunipun dhawuhipun Sang Resi Abiyasa.
a. Pandhawa lan Resi Abiyasa c. Puntadewa lan Pandhawa
b. Resi Abiyasa lan Arya Yamawidura d. Arya Yamawidura lan Puntadewa

Wacana kangge pitakenan angka 8-11.
Dina iku simbah ngendika, biyen ana bocah telu sing lagi mulih sekolah njupuk pelem sing ana pekarangane simbah nanging ora matur dhisik. Sing loro menek ana ndhuwur, dene sing siji ngumpulake ana ngisor. Pirsa bocah telu lagi lagi gayeng milihi pelem mau simbah nyedak alon-alon. Sing ana ngisor dijawil karo dikandhani alon-alon, yen padha luwe ayo padha menyang omah bae, simbah wis mateng anggone gawe sayur lodheh karo nggoreng gereh. Bocah mau karo keweden malah mlayu nggeblas tanpa pamit.

8. Ingkang dipuncariyosaken simbah punika wekdal kadadosanipun....
a. dinten punika c. sapunika
b. kala wingi d. biyen
9. Watakipun simbah wonten ing pethikan kasebut...
a. sabar c. lucu
b. galak d. medeni
10. Ingkang dijawil simbah lan badhe diajak nedha(mangan) inggih punika....
a. bocah telu ingkang nembe menek wit
b. bocah setunggal ingkang nembe menek wit
c. bocah setunggal ingkang nembe wonten ing andhap wit
d. bocah kalih ingkang nembe menek wit
11. Piweling simbah, dados tiyang sanajan boten gadhah bandha/dhuwit prayoganipun...
a. boten tumindak ingkang boten colong jupuk
b. boten tumindak colong jupuk
c. tumindaka ingkang colong jupuk
d. tumindaka colong boten jupuk
12. Pak Sastro : Nak Budi kuwi daleme pundi?
Budi : ....
Wangsulanipun Budi ingkang leres inggih punika...
a. dalem kula caket griyanipun Pak Lurah. c. griya kula caket dalemipun Pak Lurah.
b. griya kula caket griyanipun Pak Lurah. d. dalem kula caket dalemipun Pak Lurah.
13. Bu Marti : ....
Intan : Kula bidhal saking griya tabuh 06.00
Pitakenan Bu Marti ingkang leres inggih punika...
a. Dek Intan dhek mau mangkat jam pira? c. Dek Intan kala wau kondur jam pinten?
b. Bu Marti kalawau tindak jam pinten? d. Bu Marti dhek mau mangkat jam pira?
14. ”Aku arep lunga ning omahe Riska”.
Basa krama ingkang leres saking ukara kasebut...
a. aku ajeng tindak ning omahe Riska. c. kula ajeng kesah ing dalemipun Riska.
b. kula badhe tindak ing griyanipun Riska. d. kula badhe tindak ing daleme Riska.
15. 1. Wektu iku isih kelas 3 SD, aku tau kecebur ing kali cilik ing mburi omahku.
2. Ya... perasaan wedi iku kegawa nganti saiki.
3. Menawa ora ana kang weruh lan nulung aku, mbok menawa aku wis ora ambegan meneh.
4. Aku ngeri yen bayangke bab iku.
5. Sanajan kali iku cilik, nanging banyune banter.
6. Kanggone kanca-kanca bab iku nyenengake banget, nanging kanggoku nuwuhaken perasaan sing beda.
7. Wiwit cilik aku wis wedi karo banyu. Bab iku ana gandheng rakete karo pengalamanku.

Prathelan-prathelan ing nginggil supados dados carita ingkang sae dipunsusun kanthi urutan...
a. 6 – 4 – 2 – 3 – 5 – 1 – 7 c. 6 – 1 – 4 – 2 – 5 – 3 – 7
b. 7 – 6 – 1 – 5 – 4 – 2 – 3 d. 7 – 5 – 2 – 4 – 3 – 6 – 1
16.WARA-WARA
menehi pangerten marang murid kelas VII kang arep melu ”Jalan Sehat” supaya kumpul ing sekolah jam 06.00 WIB.
Prathelan ing andhap punika ingkang jumbuh/cocok kaliyan isi wara-wara ing nginggil inggih punika....
a. murid kelas VII kang arep melu jalan sehat kumpul jam 06.00 WIB
b. murid kelas VII kumpul ing sekolah jam 06.00 WIB
c. kabeh murid kelas VII kumpul ing sekolah jam 06.00WIB
d. kabeh murid kelas VII supaya melu jalan sehat
17. Medhia elektronik ingkang asring/lumrahdipun-ginakaken kangge nyiaraken wara-wara inggih punika....
a. TV, radio, internet c. ariwarti, kalawarti, pamplet
b. internet, kalawarti, TV d. spanduk, kalawarti, radio
18. Ater-ater anuswara punika cacahipun wonten 4, inggih punika....
a. dak, ko, di, lan ka c. dak, ko, (a)ny, lan (a)n
b. (a)ny, (a)ng, (a)m, lan (a)n d. di, ka, (a)m, lan (a)n
19. Ingkang kedah dipun-gatosaken nalika maos nyaring inggih punika kajaba....
a. swara c. ekspresi
b. ejaan d. intonasi
20. Swaten(swara) nalika maos nyaring punika kedah....
a. cetha c. apik
b. banter d. alon

II. Jawablah pertanyaan-pertanyaan di bawah ini dengan benar dan jelas !

1. Ragam Basa Jawi punika wonten 3 warni. Sebataken ragam Basa Jawi punika lan kados pundi pangagemipun?
2. Kados pundi caranipun ndamel karangan cerita pengalaman pribadhi ingkang leres punika?
3. Babonipun(inti/induk) saking cerita wayang punika wonten kalih, inggih punika?
4. Punapa ingkang dipunpadosi(dimaksud) ater-ater punika?
5. Ater-ater anuswara cacahipun wonten 4, punapa mawon lan paringi tuladhanipun!

4 comments: