Pages

May 12, 2011

soal UTS kelas 8 Bahasa Jawa

1. Ingkang dipuwastani tembung rangkep dwipurwa inggih punika....
a. tembung ingkang dipunrangkep wanda ngajengipun
b. tembung ingkang dipunrangkep lingganipun
c. tembung ingkang dipunrangkep wanda wingkingipun
d. tembung ingkang dipunrangkep wanda ngajeng lan wingkingipun
2. Tuladha saking tembung rangkep dwiwasana inggih punika...
a. tetuku, sesami, sesorah
b. bocah-bocah, bola-bali, obah-obeh
c. cengengesan, selelekan, cekakakan
d. andheng-andheng, ali-ali, uyeng-uyeng
3. Dongeng Rawa Pening, Guwa Parangtritis, Kali Serayu punika tuladhanipun dongeng...
a. legenda c. wiracarita
b. dongengan d. gegedhug
4. Unsur intrinsik ingkang ngrembag babagan watakipun paraga inggih punika...
a. tema c. tokoh
b. penokohan d. amanat
5. Kepriye watakipun Dasamuka ing cerita wayang...
a. srakah c. utama
b. sabar d. pakarti becik
6. Tembung ingkang pikantuk panambang lan lan boten pikantuk ater-ateripun inggih punika...
a. nggawekake c. mangana
b. tukua d. nulisake
7. Panambang ingkang gadhahi teges akon inggih punika...
a. ane lan ake c. a/ana lan na
b. aken lan ipun d. ku lan mu
8. Panambang ingkang gadhahi teges nindakake pakaryan kangge tiyang sanes inggih punika...
a. lawang kae coba bukake
b. soal sing ning papan tulis kui saiki garapa
c. buku punika gadhahanipun adhik kula
d. adhiku digawekake dolanan saka papah gedhang
9. Ing ngandhap punika ukara ngangge basa ngoko lugu ingkang leres inggih punika....
a. kanca-kanca, ditepangake jenengku Ilham.
b. kanca-kanca, dikenalke jenengku Ilham.
c. kanca-kanca, dipuntepangaken jeneng kula Ilham.
d. kanca-kanca, dipunkenalaken jenengku Ilham.
10. Ukara ing ngandhap punika ngginakaken basa ngoko lugu, kajaba...
a. dhek, bapak pundhutna buku kae.
b. Ibu kalih bapak arep tindak ning omahe budhe.
c. mangke sonten punapa kula kepareng sowan ing dalemipun ibu?
d. mengko aku arep dolan ning omahmu.
11. Ukara tanggap (kalimat pasip) gadhahi titikan, kajaba....
a. wasesanipun pikantuk ater-ater tripurusa
b. wasesanipun pikantuk ater-ater ka-
c. wasesanipun pikantuk seselan –in
d. wasesanipun pikantuk ater-ater anuswara
12. Ukara tanggap ing ngandhap punika ingkang leres inggih punika...
a. Intan nulisi bukune. c. layange tinulis nganggo bolpen abang.
b. Murni nyilihi klambi adhine. d. Sigid nyaponi latar omahe.
13. Ukara tanduk ing ngandhap punika ingkang lepat inggih punika, kajaba…
a. kordhene dipasang ing jendhela. c. soale katulis ing buku tugas
b. Reni nggawe sega goreng. d. Murni disilihi buku Wati.
14. 1. Pungkasane aku bisa jikuk pelajaran saka pengalamanku mau.
2.Wiwitane nalika aku isih wektu kelas 6 SD.
3. Cerita bakune aku lagi dolanan ing kali.
4. Wektu lan papan kadadeyane.
Urutan cengkorongan ing nginggil ingkang leres inggih punika...
a. 4 – 2 – 3 – 1 c. 2 – 3 – 4 – 1
b. 4 – 3 – 2 – 1 d. 3 – 4 – 2 – 1
15. Sigra milir kang gethek sinangga bajul
Kawandasa kang njageni
Ing ngarso miwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kiring
Sang gethek lampahnya alon
Geguritnan ing nginggil guru lalu lan guru wilanganipun inggih punika...
a. 12u, 8i, 7a, 8i, 7o c. 11u, 7i, 8u, 7i, 8o
b. 10u, 12i, 8u, 8i, 8o d. 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
16. Ngapresiasi geguritan boten langsung kanthi cara...
a. ngawontenaken kegiyatan maos c. ngraosaken (menghayati) isinipun
b. mangertosi isinipun d. nyinaoni teori sastra
17. Cacahing wanda saben gatra ing geguritan dipunwastani...
a. guru lagu c. guru gatra
b. guru wilangan d. dhong dhing
18. Sing kula kajengke sanes niku, ning niku lho. Ukara kasebut ngginakaken basa...
a. ngoko lugu c. ngoko alus
b. krama alus d. krama lugu
19. Pak, kula badhe kondur rumiyin. Ukara kasebut yen dipun-ginakaken murid marang guru tembung ingkang lepat inggih punika...
a. kula c. rumiyin
b. badhe d. kondur
20. Nek aku ora ngono kui kok. Ukara kasebut kram alusipun dados...
a. menawi kula boten mekaten punika kok.
b. nek kula boten ngoten niku kok.
c. yen kula boten ngoten menika kok.
d. nek kawula boten ngono kui kok.

II. Jawablah pertanyaan-pertanyaan di bawah ini dengan benar dan jelas !

1. Tembung rangkep punika wonten 3 warni, sebataken lan paringi tuladhanipun!(saben tembung rangkep paringi 3 tuladha)
2. Punapa ingkang dipunwastani panambang punika?Paringana tuladha panambang ingkang gadhahi teges akon lan upama!
3. Kados pundi wujudipun basa ngoko lugu lan basa krma alus?Saben basa paringana 2 tuladha!
4. Punapa ingkang dipunwastani ukara tanggap lan ukara tanduk punika?Paringana saben ukara 2 tuladha!
5. Punapa ingkang dipunwastani guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan?

5 comments: